Sabtu, 04 September 2010

Perjalanan Mi'roj Nabi Muhammad.

Tulisan ini saya nukil dari buku Berjudul "Pembangunan Jiwo Layang Kalimosodho" Karangan. K.H.M. Amir BR.


Sakwuse Nabi Muhammad diweruhake kuto suwargo lan ukuman geni neraka nuli katimbalan sowan marang Mustawa. Sawuse madep ing ngersane Gusti Allah Swt, Nuli didawuhi. He...kekasih Ingsun Muhammad, saiki sira arep nyuwun apa kang siro karepake..?

Nabi Muhammad Saw nuli matur : "ATTHAHIYYATUL MUBA ROKA TUSH SHOLAWATUTH THOYYIBATU LILLAH". (sedaya pakurmatan. barokah kawelasan kasaenan kagunganipun Allah, sakersa anggenipun bade peparing)


Allah nuli ngendika : "ASSALA MU ALAIKA AYYUHAN NABIYYU WAROH MATULLA HI WABAROKAATUH". (He.. Muhammad siro ingsun paringi kabeh keslametan, kewelasan, kamulyan, kabecikan lan ingsun tetepake dadi utusan ingsun perlu nindaake Sholat 50 wektu ing awan lan bengi.


Nabi Muhammad nuli matur: ASSALA MU'ALAINA WA'ALA IBADILLA HISH SHOLIHIN. (Sedoyo kawilujengan kaparingaken dateng para kawulo paduko ingkang sae sae amalipun.)


Salajengipun Gusti Allah ngendikan: Sira saiki tetep dadi utusan ingsun, Nuli Allah lan nabi Muhammad sarta poro Malaikat pada nglairaken nyekseni :

"ASYHADU ALLA ILA HA ILLALLOOH (Kawula nyekseni mboten wonten sesembahan kejawi namung Allah piyambak) WA ASYHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLOH (Tuwin kulo nyekseni Nabi Muhammad utusanipun Allah Swt)


Nuli para malaikat lan wong mukmin kabeh pada nyuwunake rohmat marang Nabi Muhammad lan kawula wargane "ALLO HUMMA SHOLLI'ALA MUHAMMAD WA'ALA ALI MUHAMMAD"(Duh Allah mugi nambahi sih kawelasan dateng nabi Muhammad tuwin dateng kawula warganipun.


Nabi Muhammad Saw nuli dongo. "ALLO HUMMA INNI A'U DZUBIKA MIN ADZA BI JAHANNAMA WAMIN'ADA BIL QOBER".(Duh Allah kawula nyuwun reksa saking siksa Grama Jahannam tuwin saking siksa kubur). Nuli Nabi muhammad aweh salam marang para Malaikat "ASSALA MU'ALAIKUM WAROHMATULLOH" (mugi-mugi sedaya kawilujengan tuwin seh kawelasanipun Allah tetep dateng panjenengan sedaya.


Mekaten niki sakedhik nukilan kawula bab Mi'Roj ipun kanjeng Nabi Muhammad.

Wassalam.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar